( dening Gutama Dewi Putri )
Rikala wektu kang sigra mlaku
Ngelingake yen urip bakal sigra mlaku
Nanging rasa kuwatir ana ing atiku
Kahanan nagari ing jaman iki
Tansah aku mbayangake esuk nganti wengi
Nggambarake pikiranku kang ora netepi
Nagari kang nduweni adhedasar pancasila
Semboyan bhinneka tunggal ika
Saiki katon sirna wis ora ana
Manungsa nagari kang kepengin kuwasa
Nguwasani isi nagari kayata arta
Kemlaratan ana ing ngendi-endi
Kepriye dumadine nagari mbesuk iki ?
Ambeg jujur manungsa kang ora nduweni
Adoh saka rasa asih lan merak ati
Yen kabeh kuwi bisa diowahi
Nagariku dadi endah ing bumi pertiwi
0 komentar:
Posting Komentar